BLOG IKI

BLOG KULAWARGA PUTRA-WAYAH SAKA SAWARGI MBAH MARWAH LAN MBAH BINEM NGARENGAN KIDUL, PLOSOREJO, KEDUNGGALAR, NGAWI, JAWA TIMUR.

Minggu, 12 Februari 2012

SINGIR-SINGIRAN



Ikilah singir, singir-singiran
Kena dilaras kanggo selingan,
Ngandhani ati sarta pikiran
Ben ora gampang kegodha setan

Urip neng donya amung sapisan
Tinitahake dening Pangeran
Dimen ngibadah manut aturan
Sing diwulangne Nabi Wekasan.

Nabi Muhammad wis ngajarake
Cara ngibadah mring pangerane
Gak oleh ngawur karepe dhewe
Awit wis ana tata carane

Qur’an lan hadits dhasar agama
Iku tuntunan kanggo manungsa
Nglakoni urip neng ngalam donya
Ben bisa slamet ora cilaka

Qur’an lan hadits dhasar agama
Aja ditambah aja disuda
Aja dicampur ajaran liya
Agama Islam iki wis purna

Yen ana tembung sabda utama
Sing gegayutan karo agama
Aja kesusu gampang percaya
Banjur diturut lan diamalna

Nanging kudune dicocokake
Pitutur mau apa dhasare
Yen nganggo qur’an utawa sunah
Kudu diturut aja dibantah

Nanging yen cengkah kalawan Qur’an
Utawa cengkah klawan haditse
Aja digugu babar sepisan
Ja pisan-pisan ditindakake.



Kacandhet dhisik nggone singiran
Aja kesuwen mundhak gak becik
Tinimbang suwe nggone singiran
Becik ngakehne dzikire dhisik.

singiran kena amung samadya
Aja ngalahne ngaji agama
Nyinau Qur’an kalawan hadits
Ben ora gampang kegodha Iblis

Ana lupute nyuwun ngapura
Dadi wajibe ingkang uninga
Ambenakake barang kang luput
Supaya ora kebacut-bacut

1 komentar: