BLOG IKI

BLOG KULAWARGA PUTRA-WAYAH SAKA SAWARGI MBAH MARWAH LAN MBAH BINEM NGARENGAN KIDUL, PLOSOREJO, KEDUNGGALAR, NGAWI, JAWA TIMUR.

Sabtu, 30 Juli 2011

DHANDHANGGULA

1. Dhedhet tidhem prabawaning ratri, sasadara wus manjer kawuryan, tan kuciwa memanise, menggep Sri Nateng dalu, sinewaka sanggyaning dasih, aglar neng cakrawala, winulat ngelangut, prandene kabeh kebekan, saking kehing taranggana kang sumiwi, warata tanpa sela.

2. Kinalangan kekuwung ngawengi, lir wewengkon bale Mandhakiya, pasewakaning Pamase, jroning kalang kadulu, kang sumewa pareng neng ngarsi, mung punggawa sajuga, Harya Panjersurup, pramukyaning taranggana, kang sawega rumeksa pringganing ratri, ngayomi hayuningrat.


3. Tan petungan panjrahing wadya lit, arahane awor mawurahan, ngapit narmada prenahe, jro petenging Serayu, angragancang Sang Bimasakti, nyuwak tutuking naga, kang sikareng laku, yeku mangka pralampita, mrih mengeta kang mantep tetep ing budi, widada kang sinedya.


4. Nekawarna pangkating wadya ji, nora worsuh tataning sewaka, gumolong gegelengane, ..................... , pandomaning para mong tani,. gelaring panangkilan, rinakit waluku, wuluh wuku lan kukusan, gubug penceng malencat wor lanjar ngirim, mangro lakuning mangsa.


5. Kang sumewa luhuring udadi, pan pinindha dhapuring giyota, pra nangkodha pandomane, de kang dadya pituduh, pamardine kang ulah kardi, sinamar neng busana, kasarireng Prabu, jroning praba marakata, sinung tandha pindha widadari ngantih, neng soring wringin sungsang.


6. Kang saweneh punggawa piniji, asung penget pangreksaning raga, ing masa roga praptane, yeku Harya Kumukus, manjer dwaja neng pancaniti, tangeh yen winursita, satataning dalu, dungkap luwaring sewaka, Jaka Belek merem melek melik-melik, sasmita minta nendra.


7. Samantara wus banguning rawi, Hyang Purnama meh manjing ngancala, gumiwang surem sunare, sawung pareng kaluruk, kapiyarsa melung-melungi, mring kang kasuwen nendra, ywa kongsi kadarung, mengeta mring pangarcana, angluhurna gunge kawasaning Hyang Widdhi, kang nitah saniskara.


8. Dyan umimba punggawaning ratri, riyap-riyep ri Sang Panjer Rina, lir pasrah pangawasane, denya rumekseng dalu, pangasoning sagung dumadi, wus sedheng pinardiya, ngayati panggayuh, iyeging panambut karya, datan liyan Hyang Surya kang mirowangi, tuduh sidining sedya.


9. Tanggap mulat Hyang Harga naketi, dumipeng rat ambabar prabawa, sumirat-sirat sorote, mega sinungging wungu, graning arga pinulas wilis, samantara kawuryan, Hyang Surya wus mungup, ngancik pucaking aldaka, larut mirut tedhuhing dalu kalindhih, sumeblak tanpa sesa.


10. Anglur selur lakune wong tani, sareng mangkat maring papasaran, pating krengkot pikulane, weneh sikep waluku, maring tegal sawahe sami, si Gundhul nethek kandhang, kebone pinecut, ngucul sarwi tinumpakan, ngenak-enak neng gigir marep neng wuri, sembari ura-ura.


11. Melang-melung lelagon ginurit, alon bae “hir hir kiya kiya !”, uler kambang satitahe, nora napa kesusu, yen narima karsaning pasthi, lakune wis jinangka, jangkahe den ukur, kesusu amburu apa, yen wong murka anggake kudu ndheweki, wus turah durung nrima.


12. Nora menget adile Hyang Widdhi, denya mandum jatining pangrasa, tan pisan baukapine, sanggyaning kang tumuwuh, binageyan legi lan pait, nadyan silih darbeya, wisma lir swargagung, kinunci kancing kencana, nora wurung susahe nlesep nusupi, tumameng mangsakala.


13. Yen pinuntu pantoging gyat yekti, nora suka murka ngangsa-angsa, anjangka kang kae-kae, karana kang tinemu, nora liya suka lan sedhih, demange nora beda, lan si Gundhulpacul, mene seneng mene susah, yen narima sudahe mirut sumingkir, rampung tanpa prakara.


14. Ayem guyem kang kaya wak mami, repet-repet wus berag neng beran, ngadhang segering srengenge, molah nglalatih balung, ngulur otot ngingirih getih, lir kukila neng tawang, mina neng jro kedhung, sajege sun dadi bocah, durung wikan rasaning badan nglelentrih, mung bingar tyas pirena.


15. Temah tuwuh segere nartani, lengeningsung kiyale kalintang, mathekel katon kucinge, keneng sawabing ebun, kang sinebar ing maruta ris, woring sorot tembeyan, doyananing banyu, Hyang Surya tan kadang konang, denya mandum prabane sinami sami, tan mawang milih janma.


16. Lamun ngelak ingong darbe warih, kang sumreweh nuting padhas gempal, wening tur sumyah rasane, sakehing kang sinebut, omben-omben ingong kilani, mangsa silih nyundhula, lan segering banyu, mengko nadhah lan janganan, sambel rawit lalaban timun lan metir, segane beras anyar.


17. Setham-sethom segere kapati, yen wus enak weh kuwating raga, apa maneh jalukane, sore ngong mapan turu, aneng lincak lambaran widhig, mrenah wurining damar, sumamar neng ngundhuk, tentrem rasaning tyas ingwang, mung kumandel kinemulan ing Hyang Widdhi, bleg-seg tanpa mirasa. 


Pethikan saka : Burat Sari II, S Prawiradihardja.

Minggu, 10 Juli 2011

DHANYANG TANAH JAWA

 SINOM

1. Apuranên sun angetang Lêlêmbut ing Nusa Jawi, Kang rumêksa ing nagara, Para Ratuning dhêdhêmit, Agung sawabe ugi, Yen eling sadayanipun, Pedah kinarya tulak, Ginawe tunggu wong sakit, Kayu aeng lemah sangar dadi tawa.

2. Kang rumiyin ing bang wetan, Durganêluh Majapahit, Lawan Raja Bahurêksa, Iku Ratuning dhêdhêmit, Blambangan kang winarni, Awasta Sang Balabatu, Aran Buta Locaya, Kang rumêksa ing Kadhiri, Prabhu Yêksa kang rumêksa Giripura.

3. Sidagori ing Pacitan, Kaduwang si Klênthingmungil, Endrayaksa ing Magêtan, Jênggala si Tunjungputih, Prangmuka Surabanggi, Pananggulan Abur-Abur, Sapujagad ing Jipang, Madiyun si Kalasêkti, Pan si Koreb lêlêmbut ing Panaraga.

4. Singabarong Jagaraga, Majênang Trênggilingwêsi, Macan Guguh Garobogan, Kalajangga Singasari, Sarengat Barukuping, Balitar si Kalakathung, Butakurda ing Rawa, Kalangbret si Sêkar Gambir, Carub Awor kang rumêksa ing Lamongan.

5. Gurnita ing Puspalaya, Si Lêmpur ing Pilangputih, Si Lancuk aneng Balora, Pagambiran Kalasêkti, Kêdhunggêne Ni Jênggi, Ki Bajangklewer puniku, Nglasêm Kalabrahala, Sidayu Si Cicingmurti, Ki Jalangkah ing Candhi kahyanganira.

6. Sêmarang Baratkatiga, Pakalongan Guntur Gêni, Pêcalang Si Sambangyuda, Sarwaka ing Sukawati, Ing Padhas Nyai Ragil, Jayalêlana ing Suruh, Buta Trênggiling Têgal, Ing Têgal si Guntinggêni, Kaliwungu Gutuk Api kang rumêksa.

7. Magêlang Ki Samahita, Dhadhungawuk Gêsêng nênggih, Buta Salewah ing Pajang, Manda-Manda ing Matawis, Paleret Rajêgwêsi, Kutha Gêdhe Nyai Panggung, Pragota Kartasura, Cirêbon Setan Koberi, Juru Taman ingkang aneng Têgallayang.

8. Gênawati ing Seluman, Ki Kêmandhang Wringinputih, Si Karêtêk Pajajaran, Sapuregel ing Batawi, Ki Drusul ing Banawi, Ingkang aneng Gunung Agung, Ki Tlêkah Ngawang-Awang, Ki Tlapa Ardi Mêrapi, Ni Taruki ingkang ana ing Tunjungbang.

9. Setan Karêtêg ing Kêndhal, Pamasuhan Sapuangin, Kresnapada ing Rangkudan, Ni Pandhansari ing Srisig, Kang aneng Wanapêthi, Palangkarsa wastanipun, Ki Candhung ing Sawahan, Plabuhan Ki Dudukwarih, Buta Tukang kanganeng ing Palayangan.

10. Ni Rara Aris ing Bawang, Ing Tidhar Ki Kalasêkti, Ki Padurêksa Sundara, Ki Jalela Ardi Sumbing, Ngungrungan Kêsbumurti, Ki Krama Ardi Rêbabu, Nirbangsan Ardi Kombang, Prabu Jaka Ardi Kêlir, Ajidipa Gunung Kêndhêng kang den rêksa.

11. Ing Pasisir Butakala, Cilacap Si Kalasêkti, Kalanadhah ing Banyumas, Sigaluh aran si Prênthil, Banjaran Ki Wêwasi, Kyai Korog ing Lowanu, Gunung Duk Gêniyara, Nyai Burêng Parangtritis, Drêmbamoha ingkang aneng Prabalingga.

12. Ki Kêrta Sangkalbolongan, Kêdhungandhong Winongsari, Ing Jênu Ki Karungkala, Ing Pêngging Banjaransari, Ing Kêdhu kang nênggani, Anama Ki Candralatu, Gunung Kêndhalisada, Kêthek Putih kang nênggani, Buta Glêmboh ing Ngayah Kahyanganira.

13. Ni Rara Denok ing Dêmak, Ing Tuban Nyai Bathithing, Ing Kuwu Ki Juwalpayal, Si Jungkit ing Guyang nênggih, Trênggalek Ni Daruni, Tunjungseta Cêmarasewu, Kalawadhung Kênthongan, Jêpara Ki Wanengtaji, Bagus Anom ing Kudus kahyanganira.

14. Magiri Ki Manglarmonga, Ing Gadhing Ki Puspasari, Kêtanggung Ki Klanthungwêlah, Brengkelen si Banaspati, Ni Kopek ing Manoreh, Ing Têngah si Sabuk Alu, Nglandhak Ki Mayangkara, Si Gori Kêdhungcuwiri, Baruklinthing ingkang ana ing Bahrawa.

15. Sunan Lawu Ngargapura, Ing Bayat si Puspakati, Cucuk Dandang ing Kartikan, Kulawarga Tasikwêdhi, Kali Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, Si Kecek Pajarakan, Cingcinggoling Kaliwêning, Ing Dahrama Ula Wêlang kang rumêksa.

16. Kang aneng Kayulandeyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng Roban, Sangujaya Udanriris, Sidarengga Dalêpih, Si Gadhung Kêdhunggarunggung, Kang aneng Bojanêgara, Citranaya kang nênggani, Gênapura kang aneng ing Majapura.

17. Ki Logenjang ing Juwana, Ing Rêmbang si Bajulbali, Ki Lender ing Wirasaba, Madura Ki Buta Gigris, Kang ngrêksa ing Matêsih, Jaranpanoleh ranipun, Ki Londir Pacangakan, Si Landhêp Jatisan, Ondar Andir ingkang aneng Jatimalang.

18. Arya Tiron ing Lodaya, Sarpa Bangsa ing Pêning, Pêrang Tandang ing Kasanga, Ing Crewek Ki Mandamandi, Setan Telaga Pasir, Ingkang Aran Ki Jalinglung, Kalanadhah ing Tuntang, Bancuri Kalabancuri, Kang rumêksa sukune Ardi Baita.

19. Ragadungik Randhulawang, Ing Sêndhang Rêtna Pêngasih, Buta Kapa ing Prambanan, Mbok Sampurna Ardi Wilis, Raden Galinggangjati, Kang rumêksa Gajahmungkur, Si Gêndruk ing Talpêgat, Ngêmbel Raden Panjisari, Pagêrwaja kang aran Udakusuma.

20. Ki Pênthul ing Pakacangan, Cangakan si Dodotkawit, Kalangkung ing sêktinira, Titihane kuda putih, Cakra payungneki, Lar waja kêkêmulipun, Pan sami rinajegan, Rêspati rajege wêsi, Camêthine pat-upate ula lanang.

21. Sinabêtakên mangetan, Ana lara têka bali, Tinulak bali mangetan, Mangidul panyabêtneki, Lara prapta ambalik, Tinulak bali mangidul, Ngulon panyabêtira, Ana lara têka bali, Pan tinulak mangulon bali kang lara.

22. Mangalor panyabêtira, Ana lara têka bali, Mangalor bali tinulak, Anulya nyabêt manginggil, Lara prapta ambalik, Tinulak bali mandhuwur, Nulya nyabêt mangandhap, Ana lara têka bali, Pan tinulak larane bali mangandhap.

23. Dhêmit kang aneng Jêpara, Lan dhêmit kang aneng Pathi, Kalangkung kasêktenira, Juweya wastaneki, Gus Rema Tambaksuli, Kudapêksa ing Dêlanggung, Ki Klunthung Ringinpêthak, Ni Gambir ing Glagahwangi, Si Kacubung Kadilangu kang den rêksa.

24. Ni Dulêg ing Pamancingan, Guwa Langse Nini Suntring, Kang rumêksa Parang Wedang, Raden Arya Jayengwêsthi, Kabeh urut pasisir, Kulawarga Nyai Kidul, Sampun pêpak sadaya, Para Ratuning Dhêdhêmit, Nusa Jawa paugêran kang rumêksa.