BLOG IKI

BLOG KULAWARGA PUTRA-WAYAH SAKA SAWARGI MBAH MARWAH LAN MBAH BINEM NGARENGAN KIDUL, PLOSOREJO, KEDUNGGALAR, NGAWI, JAWA TIMUR.

Kamis, 26 Mei 2011

Piwulangipun Suwargi R.NG. Rangga Warsito (dhumateng putra nalika badhe seda)



Rarasing tyas sinawung hartati, denirarsa amedhar carita, ngayawara puwarane, berawaning madhangkung, hinukarsa ri Sukra Kasih, rong puluh wulan Rajab gati kanemipun, warsa Jimakir Sancaya, sinengkalan sembah muluk ngesti aji, tata wedharing kata.

Heh ta risang dwi atmaja mami, parsudinen dadining parasdya pinrih haywa kongsi kecer, cangkok lan isinipun, yen kecera salah sawiji sayekti dadi tuna, tuwas anggeguru, durung weruh pamorira, wohing semu pasemon gaibpibng widhi, datan kena madaya.

Supadine dadya tyas panggiling, lukitane ingkang sastra cetha, ing mangka darsane, wong berbudi pan cukup, anyakupi pati saurip, uripe aneng donya, prapteng janjinipun, sayekti datan kewran, denira mrih prasti pulasta pinusthi, esthine kene kena.
 
Sakamantyan denira marsudi, widadane ingkang sami kara, karana tan kena mleset surasaning kang ngelmu nora kena medhayeng janji, janji mung sepisan, purihen den kumpul, Gusti kalawan kawula, supadine dinadak bisa umanjing satu mungging rimbagan.
 
Yen rinasa surasaning manis, temah dadya hardaning wardaya, saking dhahat denya rame, marma den bisa gilut, giluting amung patitis, titikane den kena nemu yan katemu, nemu sesotya kancana ujwalana sarpakanaka delahi, sumorot sorotira.
 
Anyoroti padhanging Hyangrawi, isining rat kawratan sadaya, yekti tan ana petenge nanging ta arang nggayuh, gayuhane tepa palupi, pilih-pilih kang nyandhak, sarkaraning madu dedunung netan ning nang nora adoh nora perek seneng ugi gepokane tur cedhak.
 
Cepakane pepak amepeki, parandene teka nora gampang pambudine kadhang cewet, wela graitanipun, saking kalab-kalaban dening harda-hardaning nala, sruning tyas kayungyun, kayun marang sih katresnan, iku mangka bancana dirgameng pati, patine tanpa sedya.

Saya harda-hardaning pambudi, budi daya madya lan utama, utamaning rat pasemone, marma den bisa besut besutane kang tirta wening, wening wenes kalintang, tanpa pama tuhu, satuhunung kasunyatan-kasunyatan kang sami dipun lampahi, wiwitan lan wekasan. 
 
Wekasane mung ngantepi pati, parandene meksa taksih awrat kalindih saking panggawe kira-kiraning kalbu, sapa baya bisa amesti jer pan durung ana wong milalu lampus, konus kongas saking atma, nadyan silih sampun wredha kaki-kaki maksih sungkan kewala.
 

Yen tuhuwa awiti anitis, pan tumitah dumadi manungsa sinung harja bungah dene sapira kadaripun, aneng donya pan ora lami, lamine nora lama umur sewu tahun, lamun ora ngawruhana, angrawuhi marang jamaning kapiran sayekti dadi tuna.
 

Tuna ndungkap kaolah pikir, pan kapiran jamaning ngakerat sakarate yekti suwe-suwe ngulari perlu-perlu mati pijer mandelik, kelike ora ana, anane mung kuwur, baliwur tan wruh ing marga, marga lena kelenan datan pinikir, mungkir tinggal agama.

Agamane ingkang luwih suci, anuceni dat kalawan sipat-sipat murah salamine marma den bisa kulup pipikulan aywa katembing, titimbangane ana, iku paminipun nimpuna sandhang lan pangan ora kena tinilar sawiji, wajibpe bebarengan.

Kena uga kalewan siniring, maring wong kang angupaya pangan, saben dina nyambut gawe, amrih kencenging wadhuk, wadhuk iku wadhahing urip uripe saking sedya, sedyane mrih cukup nyukupi jaba jro amba, babarane bineber ngeberi budi, budaya kang sanyata.

Kanyataan ing urip puniki, tan liyan sing hardaning baksana, tiba saenggon-enggon pan tibeng nora saru sarupane ruruba yekti, yektine aywa sulab mring sulapanipun, budine den kongsi kena, nanging aywa sira budi saben hari aywa pegat.

 
 
 
MEGATRUH
1.
Sanitiasa denira paring wuwuruk, Marsepuh sang maha yekti, Tinumpa tumpa tinumpuk, Pinatha pantha pinasti, Saniskaraning pangawaroh.
2.
Pan liningga salingga sawanda wuyud, Wuyude pan dadi siji, Mijen jagad sawegung, Saking kodrating Hyang Widhi, Kasamadan dating Manon.
3.
Amanoni pamulune kadi duwung, Kukuwunge mingis-mingis piningit tan kena konus, Yon konus ngenesken ati, Amulat gebyaring pamor.
4.
Dasar pamor pamore handamar murub, Bener ingkang kekes wing wrin rumangsa kasoran ampuh, pupuhe tuhu patitis, Titi datan atumpang so.
5.
Yen tinantang tantingane tuhu kukuh, Kukuhe nora ngencengi, Kenceng kinarya pangayun, Tarincingaken neng wuri, Cacakane nora moncol.
6.
Cakep cukup nyukupi yen oleh rembug, Rembuge tan katon gitik titikane urun-urun, Nguruni dadine ngelmi, Kaya sukane ponang wong.
7.
Wuwuh-wuwuh amuwuhi kawruhipun, Pantese wong cipta yekti tan amprih karya panggunggung gunggunge gunggungan dadi, Tinitah pandita kaot.
8.
Kaot wilet maneh oleh tindak tanduk dudugane tan ketembing tumanbirang kaduk purun, Purune nora nyamahi, Marang ngelmu kang wus manggon.
9.
Pamanggone tapa brata pitung wektu, Dene tatapa kang siji apane jasad puniku haywa darbe, Esakserik, Narima terusing batos.
10.
Kaping kalih pan ing tapa-tapa tuhu, Lahiya tapaning buda among tapa temenipun, Nyepen ninis thalan nisthip, Anyirnakna ati goroh.
11.
Kaping tiga tapaning kang hawa nepsu, Nglakonana sabar ngalim-ngapura salaminipun, Nadyan sira pinisakit, Tawa kupo mring Hyang Manon.
12.
Ingkang kocap tapa brata kaping catur, Ya tapaning rasa jati, Heneng heningna kalbu, Mesuwa puja samadi, Heneng hening yekti dados.
13.
Kaping lima tapaning suksma puniku, Gelara marta martani, Lega legawaning kalbu, Haywa munasikeng jalmi, Amonga atining nguwong.
14.
Kaping neme tapaning cahya humatur, Waskitha kalawan eling, Datan samar ing pandulu, Eling panuntun basuki, Kadarma ati mancorong.
15.
Kaping pitu tapaning urip puniku, Santosa den ngati-ati akanthiya teguh timbul, Haywa was sumelang galih, Ngandela marang Hyang Manon.
16.
Kethokana kethoken bongkot lan pucuk, Samene bae nyukupi, Pan ora memurung laku, Lakon anglakoni pati amancat, Dabatil maut.
17.
Mung sakedap netra pangancase mangsuk, Umanjing suruping pati, Patitis jagad kinukut kukutan dadya sawiji, Rinacut, Manjing kedaton.
18.
Nanging ndulu kadaton ingkang kadulu, Yen Kadulu niniwasi, Katiwasan patinipun, Patiheng sasat dadya kenut, Manjing watu lan kakayon.
19.
Kayu watu ginelar dadya swarga gung, Saniskara amenuhi, Sarwa endah adi luhung, Asenen dipun enggeni, Aworbrakasakan jrangkong.
20.
Mindo gawe gagaweayan ora weruh, Weruh-weruh wus kawalik, Walikane sulang surup, Surup salah panampi, Tampane wus kejelomprong.
21.
Marmanipun santosa ateguh timbul, Kanthi awas lawan eling, Aywa samar ing pandulu, Kedaton ingkang sejati, Sajatine tan katongton.
22.
Tampa terus nerusi malebeng bumbung, Barumbunganing setroli, Padange kalangkung-langkung, Langgeng ora owah gingsir, Sire mulih dating MAnon.
23.
Meneng langgeng nora kocap tan winuwus, Nora mulat sawarga di, Pan rumangsa ngeyup, Malela lenge don adi, Dadi nabi wali awor.
24.
Gambir wungu nora cidra yektinipun, Lamun kang marsudeng gaib, Liningkap lelimpitanipun, Nora wus kuwatir, Ngandel caloroting batos.
25.
Wasiteng san mring sira wus tamat kulup, Mangkya ingsun minta pamit, Harsa mulih mring don luhung, Amung kurang limang ari, Salameta putraning ngong.
26.
Titenana rong windu aja dumawuh, Pulung gana kang sejati, Wartaning kang para jamhur, Ku sidaning kadadin, Dadi ning tapa kang manggon

Selasa, 24 Mei 2011

Senin, 23 Mei 2011

CIKAL BAKAL (2)

mBAH MARWAH LAN mBAH BINEM

mBah Marwah dan mBah Binem, hidup berumah tangga dimulai tahun 1951 sampai mbah Marwah Wafat di tahun 1992. Kedua pasangan suami-istri ini dikaruniai delapan orang anak, enam laki-laki dan dua perempuan. Masing-masing ialah :
1. Rahmat, lahir 1953
2. Marsum, lahir 1956 wafat 1977
3. Hayatun lahir 1959 wafat 1985
4. Rustamadji lahir 1962
5. Kiptiati, lahir 1966
6. Banawa, lahir 1970
7. Saptoni, lahir 1973
8. Isngadi, lahir 1976
.
mBah Marwah lahir 1917 dan mbah Binem lahir 1937 dan Wafat 2009.
mBah Marwah bependidikan formal sampai tingkatan Voervolk Scool, sedang mbah Binem lulusan PBH.
Pekerjaan mereka sebagai Petani Kecil (Buruh Tani). Maka kehidupannya boleh disebut Pas-pasan kalaupun tak boleh disebut di bawah garis kemiskinan. Namun demikian kehidupan mereka berjalan lancar dan normal dalam kebahagiaan Qana'ah.


rumah tinggal mBah Marwah dan mBah Binem

CIKAL BAKAL

Putrane mBah Kyai Muhammad Ihsan lan mBah Syafa'atun kabeh ana 8 (wolu),  dumadi 4 anak lanang lan 4 anak wadon.Yaiku :

1. Syafaratin

2. Syamsuddin.

3. Syamsuri.

4. Jamilatin.

5. Marzuki

6. Marhamah.

7. MARWAH.

8. Isnatun.

Putra sing cacahe ana wolu iku, kabeh dilahirake ing Ngarengan Kidul (Klebu Dhusun Plosorejo), yaiku mapan ing kulon Kali Kedhung Bongkrah.
Ing Tahun 1921, mBah Muhammad Ihsan lan mbah Syafa'atun seda, putra-putrane isih cilik-cilik, kalebu mBah Marwah sing nalika iku lagi umur 4 Tahun. Dadi mBah Marwah iku LOLA (yatim piatu) wiwit cilik.

Nalika Tahun 1925, kulawarga yatim piatu iku ngalih papan, omahe dielih menyang wetan Kali Kedhung Pawon, lan papane lestari nganti saiki, yaiku papan madege Omahe mBah Marwah saiki-iki. (Kulon dhewe kidul ratan, Ngarengan Kidul, Plosorejo, Kedunggalar, Ngawi), dene sing ajeg mapan ing kono wetu iki (2011) putrane mbah Marwah sing angka papat lan lima, yaiku Rustamadji lan Kiptiati.

mBah Marwah miyos ing wulan Juni tahun 1917, krama karo prawan sunthi sing jenenge Binem putrane mBah Sukat Karsadikrama saka Desa Wonokerto, ing tahun 1951.